Pages

Rabu, 07 Mei 2014

lirik padang bulan (keluarga nabi)


Nabi Muhammad lahire ono ing Mekkah
Dino Isnain 12 Maulud tahun Gajah
Ingkang ibu asmane Siti Aminah
Ingkang romo asmane sayyid Abdullah

Nggadhahi garwa asmane Siti Khadijah
Siti Aisyah, Siti Hafshoh, Siti Sa-udah
Siti Romlah, Maimunah, Hindun, Zainab
Siti Shofiyah, lan Siti Juwairiyyah

Nggadhahi putra asmane sayyid Ibrohim
Sayyid Qosim, sayyid Abdullah
Ingkang putri Ummi Kultsum, Siti Zainab
Siti Ruqoyyah, saha Siti Fatimah

Utsman Ali meniko dados mantune
Abu Bakar Umar moro sepuhe
Hasan Husain iku putune
Abdul Muthallib meniko asmo simbahe

Yen Leluhure Sayyid Hasyim iku buyute
Abdi Manaf iku canggahe
Sayydi Qushoy iku warenge
Sayyid Killab udheg-udheg siwure

1 komentar:

GROSIR ATRIBUT SEKOLAH mengatakan...

assalamu'alaikum wr wb. salam kenal dari semarang
suwun

Posting Komentar